B. Daerah Sekolah Menengah Pertama tolong kak artinya apa!!
please kak!! yaaa ​

tolong kak artinya apa!!
please kak!! yaaa ​

Jawaban:

Wacan Latine;

  • Loro lorone banjur dadi pasulayan padha perang tandhing Dora lan Sembada padha dene sektine.

Penjelasan:

Ngartekake aksara Jawa iku kudu nggathekake sandhangane. Sandhangan ing aksara Jawa kaperang dadi 3 werna, antarane;

  1. Sandhangan Swara (Taling, Pepet, Wulu, Taling Tarung, Suku)
  2. Sandhangan Panyigeg Wanda (Wigyan, Layar, Cecak, Pangkon)
  3. Sandhangan Wyanjana (Cakra, Cakra Keret, Pengkal)

Ngartekake aksara Jawa

Loro lorone banjur dadi pasulayan padha perang tandhing Dora lan Sembada padha dene sektine.

__________________

Pembahasan

Wacana ing dhuwur kalebu salah sijining carita babagan Dora lan Sembada.

Dora lan Sembada iku sejatine abdine Ajisaka sing padha Setya lan tuhu marang tugase minangka dadi abdine Ajisaka.

Sangking setyane, keloro lorone ora padha mangerteni, menawa kabeh iku padha dadi abdine Ajisaka.

Perang tandhing iku diwiwiti nalika Ajisaka menehi tugas marang salah sijining abdi kanggo njupuk gamane sing digowo marang abdi liyane.

Amerga durung padha kenal lan ngerti, mula kekarone ora percaya menawa kekarone padha abdine Ajisaka.

Mula kekarone perang lan padha mati kabeh. Mula saka iku Ajisaka dadi gethun, nanging kanggo nengeri para abdine sing padha Setya marang tugas sing diembanake, mula Ajisaka nggawe tetenger awujud tulisan kanggo abdi kekarone mau.

Tulisan iku unine :

ha, na, ca, ra, ka = ana utusan

da, ta, sa, wa,, la = padha pasulayan

pa, dha, ja, ya, nya = padha sektine

ma, ga, ba, tha, Nga = padha dadi bathange (mati).

Mula iku ing sajroning asal usule Aksara Jawa iku, ana kedadeyan saka kisahe Ajisaka mring para abdine sing padha setyane lan padha mati kabeh.

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : -
  • Materi : Carita pewayangan
  • Kode : 13
[answer.2.content]